Wong Barat Luwih Ndeso Ketimbang Wong Pemalang


cnn cafe

Inyong lair nang desa cilik sing sepi nyenyet, desa Serang Kecamatan Petarukan Pemalang. Desa Serang Pemalang iku desa sing termasuk kategori miskin dan tertinggal. Dalane jeglak jegluk becek angger udan. Desane isih sepi, nang kiwe tengen isih akeh sawah karo kebon kosong. Pembangunan juga ora patiye maju lan berkembang. Wong nom nomane akeh sing pede merangtau areng Jakarta, nggolek penghidupan sing luwih apik. Nang Jakarta, wong Serang umume dadi tukang ojek pit nang daerah penjaringan, pesing, rawa bebek, jakarta utara dan sekitarnya. Sing liye ye dodolan mie ayam nang daerah Palmerah. Nyong mbiyen pernah ketemu karo paguyuban wong Serang sing mayoritas adol mie ayam nang daerah Palmerah, jejere kali Grogol.

Nangapa desa Serang termasuk daerah tertinggal dibanding desa liyane di Pemalang? Sejarahe dewe ngloler kaya kali Serang. Termasuk juga pas jaman mbiyen nyong cilik jaman Orde Baru dong wayahe gonjang ganjing politik isih mewarnai Indonesia mbiyen. Kebetulan, mayoritas penduduk desa Serang sing umume santri, pas jaman Orde Baru mbiyen, pede nyoblos PPP. Panceng, desa Serang kuwe termasuk basis tradisional PPP. Ngerti dewek lah, jaman mbiyen kondisine bedo karo saiki, politik jaman mbiyen luwih diskriminatif. Sopo sing beda aspirasi politike karo penguasa yo konsekwensine diisolasi sebagai “hukuman” atau punishment, soale dianggep mbalelo karo (partai) pemerintah sing berkuasa.

Nah nyong kemutan, pas wayahe desa desa tonggo liye wis dialiri listrik karo pemerintah, desa Serang malah ora dialiri listrik. Melas nemen sung wowohi. Akhire soko gotong royong wargane ye nyewa genset nggo penerangan. Liyane isih nganggo cemplik atawa oncor nggo sinau karo penerangan. Ngenes nemen.

Akeh pengalaman sing ora bise diklalena pas wayah cilik nang Serang mbiyen. Pengalaman paling nyenengke ye njegur nang kali nganggo sarung sing di plendungna mirip balon superman. Bocah bocah lanang pede wude mlayu mlayu munggah uwit terus njebur bareng bareng,,,,jebyur….wow asyik nemen sung wowohi. Lucune adus adusane wude blas, ora nganggo klambi. Angger ketemu wong wadon, justru malah wong wadone sing wedinen kaya weruh jin iprit, padahal jaman kuwe wis pede gede lan njarot,  wkwkwk Pengalaman liyene ye sering jalan jalan nang sawah numpak sepur trutuk pengangkut tebu sing ditarik kebo. Asek nemen pokoke. Angger ngeleh, biasane nggolek ndog manuk, digarang nang pinggir sier, dipangan bareng bareng.

Kemarin waktu ke Atlanta, Georgia, USA, markas CNN Internasional, pikiranku melayang inget masa masa kecil di desa Serang Pemalang. Susan Benneth kolega nang CNN Internasional takon, kepriben kondisi Indonesia? Aku critakna pengalaman masa kecilku di desa Serang Pemalang. Amazing, dia bengong sambil merefer ceritera petualangan Harry Potter……Susan bingung mbayangna piye tumon Sepur ditarik Kebo??? Pancen ternyata wong Barat, Bule kuwe luwih Katrok, ndeso, ketibang awake dewek, ra pernah numpak Sepur sing ditarik Kebo, ra pernah adus adusan wude nganggo sarung sing mirip balon udara……primitif wkwkwkwk

Leave a comment