Jaman SMA Nang Pemalang Kemutan Duran Duran


duran-duran

Jaman mbiyen nang kamar kos kosane nyong ana gambar: Simon Le Bon, John Taylor, Nick Rhodes…anggota grup band Duran Duran

Awake dewek ora mung bise nrime, nyesel atawa nesu karo jaman mbiyen sing nggawe lara ati, tapi akhire nggur bise nrimo karo ngiklasna sing wis kedadeyan. Langka sing bise dilakokna nggo jaman sing wis klewat karo jaman mengarep. Awake dewek cume bise nglakokna peran dina saiki. Kanggo jaman sing wis klewat mung cume bise ngiklasna sing wis kedadeyan, apik atawa elek. Kanggo jaman ngarep sing durung dilakoni, nggor optimis karo nyiapna sekabehe semaksimal mungkin.

Kiye ndonya sing biasa, ndonya sing normal thok.

 

Jarene wong pinter, dong dewek umure isih nom kuwe jare ana  istilahe jaman  “chaos/ruwed” jiwe, jaman nggolek wujudte identitas sing apan dipilih nggo fase sing relatif stabil, jaman nang endi identitas kuwi wis relatif ono wujudte. Tapi meski kaya kuwe, identitas tetep cair lan ora tau membeku.

Sekolah jaman SMA tak deleng saka rong sisi sing beda. Nyong sinau nang salah siji sekolah  SMA paling apik nang Pemalang, ono rasa minder nang tengah-tengah kanca sing pinter lan keminter. Dualitas perasaan kuwe isih krasa nganti saiki, kabeh kuwe dibingkai karo rasa bangga lan bahagia-lah wis tau sinau nang kana. Tentu ana kenangan sing indah, ana juga kenangan sing pait kaya jamu brotowali.

Untunge, pas nang jaman pembentukan identitas kuwe mau, nyong kenal lan kancanan karo kanca kanca sing tokcer uteke, moncer kepribadiane lan encer mikire. Akeh sing  tetep kancanan akrab nganti saiki lan luwih akeh maning sing akhire akrab meski mbiyene ora patiya kenal, ye berkat  facebook karo whatsapp kiye.

Salah sijine contoh kenangan indah nang  jaman SMA kuwe ya perihal musik. Nyong ngenal musik transisional pas jaman SMA. Padahal waktu kuwe nyong durung nduwe band atawa penyanyi faporit kaya pas jaman kuliah. Wayah kuwe nyong ye durung ngrungukna musik sing “aneh aneh” , koyok Dream Theater atawa Linkin Park. Nyong ye durung ngerti kambe musik populer alternatif  nang jaman kuwe. Mungkin angger istilah bahasa Pemalange Newbie…cieee, nganggo urusan musik.

 

Sung wowohi, nyong isih kemutan, taun 90 an, angel nemen ngakses musik mancanegara kayak saiki, apamaning nang di kota cilik terpencil kaya Pemalang. Durung ana MP3 karo internet nggo ndowload lagu sing disenengi, segampang wong njengking nang kali.

Kudu tuku kaset nang toko Irama Mas apa Virgo regane 1500 rupiah oleh album sing isine 20 lagu tok (dikonversi saiki mungkin pede karo 75000 rupiah, alias oleh grombyang 7 mangkok).

Kondisi kiye sing nggawe (oknum) kancane nyong dadi “kreatif”, sitik nglakoni tindak kriminal. Bocah bocah SMA  mareng toko kaset, apen apene nacak ngrungokna ngango headphone, padahal tangane karo nuker isine kaset nganggo tape bekas. Dadi cangkange kaset Anyar dituker karo kaset bekas.

Kurang ajar pancen…..oknum cah SMA 1 kae….

Ngomongin soal lagu, ana siji lagu sing mewakili era jaman  kuwe.  Lagu mau judule  “The Ordinary World” sing ditembangke karo Duran Duran.

Kayak kiye kiyeh lirike…

Came in from a rainy

Thursday on the avenue,Thought I heard you talking softly.

I turned on the lights, the TV and the radio, Still I can’t escape the ghost of you.

What has happened to it all?”Crazy,” some would say.

Where is the life that I recognize?

Gone away…

 

Lirik lagune apik… kire kire kepriben awake dewek bise njalani karo nyikapi urip. Lah kepriben maning, urip kuwe mili kudu dilakoni, urip kuwe perkoro wong wong sing mencobe bertahan urip.

 

4 thoughts on “Jaman SMA Nang Pemalang Kemutan Duran Duran

Leave a comment